Rabu, 25 Februari 2009

BURISRAWA EDAN





Dening : Kustijono

Jejer Astinapura. Sang Nata Duryudana kaadhep warangka nata Patih Harya Suman, Paranpara negara Astina Panembahan Durna, sumawana agul-aguling prang Narpati Basukarno. Kaya mangkana sabdane sang nata.


“Ing ri kalenggahan niki kados mboten wonten rembag ingkang wigatos; nanging menawi Paman Patih, Bapa Panembahan utawi Kakang Narpati manggihaken perkawis ingkang pantes karembag kula sumanggaaken!”
“Lole … lole, kepareng matur ngger anak prabu “
“Mangga bapa Panembahan Durna!”
“Ing ari Respati, nuju muja semadi maladi hening pun bapa nampi pralampita. Paripaksa badhe kula aturaken ing pasewakan menika amargi sesambetan kalayan nasibipun negari, ngger anak prabu”.
“Mangga enggal kawedarna ,bapa!”.
“Mekaten ngger! …..pralampita kalawau wujud gegambaran ingkang saklangkung aeng. Inggih menika gegambaran ingkang rupi angger anak Prabu Duryudana nigas jangga!”
“Nigas jangga ? Janggane sinten bapa?”
“jangganipun ratu Dwarawati. Sareng kalayan gumlundhunging mustaka rumaos kula jagad kalempit wonten astanipun angger anak prabu Duryudana”.
“Jagad dewa bathara ! lajeng suraose pralampita kadi pundi ?”
“gegambaran kalawau muhung pralampita ingkang suraosipun negari Astina badhe jaya menawi kalampahan
mbedah negari Dwarawati, ngger anak prabu!”.
“Sik…sik Wakne Gondhel, sadurunge rembug dibacutake aku kepengin takon?”. Wuwuse patih Sengkuni nyelani.
“Ya Adi Cuni, takon bab apa?”
“Apa bener gegambaran sing tok weruhi kuwi pralampita? Aja-aja gegambaran mau mung dumadi saka angen-angene kakang Durna pribadi ?”
“Adi Cuni! Si adi aja sembrana! Yen wong lumrah bisa worsuh panampane, nanging aku iki pendhita, bisa milah-milahake endi pralampita endi gegambaran kang mletik saka pepenginan. Aku wani mesthekake yen gegambaran sing tak tampa kuwi pancen bener-bener pralampita!”
“Nanging kakang, isine pralampita kok kaya njlomprongake anak prabu Duryudana ?”
“Njlomprongake kepiye ?”.
“Wakne Gondhel mau ngendikan Ngestina bisa jaya yen bisa mbedah negara Ndarawati, rak ngono ta mau?”
:”yoh..pancen bener ngono”
“Yen kaya ngono kuwi apa ora jeneng njlomprongake, hara? Mesthine Wakne Gondhel ya wis pirsa yen Ndarawati kuwi gudange wong sura sekti, ana Sentiyaki senajan cilik-ungkik nanging tandange kaya Bima, Ndarawati uga ketunggon kethek putih Anoman tilas senapatine Rama Wijaya kang bisa mindhah gunung. Entek-entekane Ratu Ndarawati dhewe yen lagi muring-muring bisa tiwikrama dadi brahala, aja maneh mung sak negara Ngestina, jagad paribasane bisa digaglak. Mula yen wong Ngestina nekat nglurug negara Ndarawati apa ora jeneng kutuk marani sunduk kakang ?”.
Abang pasuryane Narpati Basukarna dupi midanget ature patih Sakuni.
“Sumela atur, yayi Prabu !”.
“Mangga kakang Narpati”.
“Kekiranganipun menapa praja Ngestina, teka ajrih kalayan tiyang-tiyang Ndarawati menika ? Menawi yayi Prabu dawuh kedah mbedah negari Ndarawati, sak menika ugi rakapara sagah ndepani bantala minangka bebanten ,yayi Prabu!”.
“Bombong raosing manah kula kakang Narpati nampi kasagahan ndika, nanging bapa …bapa Pandita Durna kadi pundi menggah pamanggih bapa ngenani ature paman patih kalawau?”
“Nggih ngger, keparenga kula wicantenan kaliyan Adi Cuni”.
“Mangga Bapa”.
“Adi Cuni !”
“Kepiye, kakang?”
“Kowe tak kandhani ya, yen wangsit utawa pralampita kuwi adile mung kudu dilakoni tumrape wong sing percaya. Mbok menawa si Adi ora lali lelakone si Brantasena. Nalika aku oleh wangsit supaya Brantasena kudu njegur segara deweke ora suwala, yen si Brantasena kuwi banjur mikir-mikir kaya patrape adi Cuni mesthi bakal nduwe pandakwa yen aku njlomprongake dheweke, nanging jagad nyekseni yen anggone Brantasena bisa ketemu dewane Sang Ruci Bathara iku ya merga anggone njegur segara nuhoni dawuhing guru”.

Tidhem premanem suasana ing pasewakan. Kabeh padha nyuraos lelakon kang wus kawuri , muhung caritane sang Dewa Ruci. Gragap kang maraseba dupi Sang Nata Prabu Duryudana alon manabda.
“Bapa… Bapa Pandita Durna,Saya manteb tekad kula sareng jengandika ngengetaken bab lelampahanipun adi kula pun Werkudara.Mula Paman ! Paman Harya Suman enggal samaptakna prejurit Ngestina. Dina iki uga Ndarawati kudu bedah!”
“Nun inggih ngestokaken dawuh ngger”.

Purna sabdane sang nata, pasewakan bubar. Patih Harya Suman mandhap saking setinggil ngawe para sata Kurawa kang tinindihan dening Sang Dursasana. Nanging senajan wis rinubung dening para Kurawa parandene sang apatih isih durung aweh kabar wigatining pasewakan.
“Ha … ha … ha… ha…kulinane paman Harya sumringah mandhap saking setinggil, nanging dina niki kok beda, si paman kendelan kewala. Jan-jane ing pasewakan enten napa, man? “wuwuse Dursasana karo ngguyu cekakan.
“Atiku kekes, Dur!”
“Kok Ngoten, man?”
“Ya, merga pasewakan iki mau ngrembug bab wangsit sing ditrima Wakne Gondel kang isine negara Ngestina bisa jaya yen kelakon mbedah negara Ndarawati. Saka pintere Wakne Gondel nggone ngrimuk nganti rakamu Prabu Duryudana nduweni tekad mrentahake kowe kabeh supaya mbedah negara Ndarawati!”
“ Ladalah.. niku kabar sae, man!”
“Sae denggelmu kuwi ! apa kok anggep kowe kabeh bisa nandhingi wong Ndarawati he?”
“ Paman mpun ajrih ngoten?”
“Iki ora perkara wedi. Nanging mikira, apa kowe ora ngerti yen Ndarawati kuwi gudange wong sekti mahambara!”
“Napa ndadak mikir man ! pokoke angger sing ngendikan niku bapa Durna mesthi benere! Dilakoni mawon man!”.
“Alah embuh, Dur! Kabeh kok padha dene! Wis mangsa bodhoa nggonmu ngatur barisaning Kurawa. Dina iki Rakamu Prabu Duryudana ngersakake bedahe negara Ndarawati, wis mbuh mengko dadine” kandhane patih Sakuni mutung.
Sidane prajurit Astinapura budhal nglurug menyang Negara Dwarawati.

Mendung angendanu ing praja Dwarawati. Nata Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna nandhang-raga rinubung para putra sentana miwah tamu agung Mandura, nenggih Prabu Baladewa kang ngendika aris.
“Nalika nampa nawala saka praja Ndarawati ngabari yen yayi prabu Kresna gerah, ingsun enggal jengkar saka kedaton, lakune kiai Puspadenta kaya tak gelak-gelaka daya-daya prapta ing Ndarawati ….. mula ngger Wisnubrata gage matura kepiye kahanane ramamu?”.
“Nuwun inggih ,wa prabu. Inggih kados mekaten menika kahananipun rama prabu, tansah sarean kewala mboten kersa wungu”
“Wiwit kapan ngger?”
“Watawis setunggal candra menika, wa prabu”.
“Pantes lamun gawe bingunge para garwa-putra ….coba ngger ingsun kepengin niti-priksa kahanane ramamu sing sak nyatane!”
“mangga, wa prabu”.
Kaya mangkana sang Balarama, bawane nalendra kang nate madeg pandita aran Wasi Jaladara, mula sakedeping netra wus ngagem soca bathara .Kejot penggalihe dupi kang kadulu amung raga.
“Wisnubrata, kahanane ramamu dinane iki kaya dene kurungan kang lawange menga ,dene manuke mabur tegese sukmane yayi prabu Kresna mendra embuh ana ngendi parane!”
“Lajeng kados pundi, wa prabu”.
“Yen kaya ngene iki adhakane sing bisa nglari ya mung pamanmu Harjuna amarga padha-padha titising Wisnu…. Nanging apa paman-pamanmu para Pandawa wis kok aturi priksa!”.
Durung nganti Raden Wisnubrata atur wangsulan wis ketungka praptane Begawan Kapiwara.
“Anoman!”
“Sembah kula katur Sinuwun Mandura”
“Ya tiba sapadha-padha. Ya gene praptamu kaya dibalangake?”
“Estunipun kula bingung, gusti”.
“Bingung kepiye ?”
“Nalika kula bawa raos kalian para cantrik ing Kendhalisada; dumadakan lumantar aji pameling wonten dawuh saking Sinuwun Ndarawati menawi kula kedah sowan dateng Ndarawati, nanging dumugi ngriki Sinuwun Ndarawati malah rinubung para putra menika wonten menapa gusti?”
“Gustimu lagi nandhang raga Anoman …temene ingsun uga nggumun, ingatase wong lara kok ya bisa-bisane mateg aji pameling hara? Nanging ora susah digagas sing wigati sira wis ana kene, mbok menawa pancen bakal ana pariga… ! “
Kagyat sang Balarama krasa ana hawa panas kang kagila-gila nrajang patunggon.
“Anoman! kowe metua njaba. Nyatakna apa kang gawe panasing swasana iki!”
“Sendika dawuh kanjeng dewaji”
Durung sapanginang Anoman metu njaba, prapta Patih Udawa gita-gita.
“Kakang Udawa kang prapta!”
“Nun inggih sinuwun, sembah kula katur”
“Praptane kakang Udawa kaya wong adus riwe ana apa kakang?”
“Katiwasan gusti, negari Ndarawati kinepung mungsuh”
“Kinepung mungsuh piye?”
“Ing alun-alun sisih kilen wonten buta tiban apengawak dahana ngamuk punggung ngrisak lan ngobong menapa kemawon. Dene ing alun-alun sisih wetan barisan saking negari Ngestina ngrangsang badhe mbedah negari”
“Iblis laknat! Wong Ngestina ngilani dhadhane Baladewa!”
Mbengok sora sang Balarama, sigra jumangkah rikat nuju pabaratan.
Kacarita ing alun-alun praja Dwarawati sisih kulon ana buta tiban sak gunung anakan gedhene. Buta buteng apengawak dhahana ngamuk, ngrusak apa wae mahanani hawa panas kang kagila-gila.





Kawistara sang Anoman Kapiwara kacipuhan nrenggalani pangamuking raseksa. Nalika tutuke buta menga amba sak guwa ana geni nyembur Anoman, kobong sanalika. Anoman kobong, mere-mere,gulung-gulung ing bantala kaya mina kasatan ing toya. Kaelokane lelakon, ana tangan nyaut sang Anoman nuli kacemplungake kali. Krengkel-krengkel mentas saka kali luput ing bilahi. Kagyat sang Wanaraseta dupi mulat ana pawongan kang rikmane awut-awutan ngguyu cekakakan.
“Ha… ha … ha …ha … kowe kaya tikus kecemplung kalen … ha …ha …ha …”
“Kowe Burisrawa ! sing nulung aku jebule kowe, aku wis kok singkirake saka bebaya … mula banget pana ….”
“ Kowe ngomong apa munyuk elek ? … ha …ha …ha .. sapa sing sudi nulung kowe ha.. ha.. ha.. iki mau aku weruh ana geni njur tak sahut tak cemplungke kali ha.. ha.. ha..sing methongol jebul kowe ! ha…ha…ha… ngertiya munyuk aku seneng dolanan geni ha…ha…ha.. lha kae ana geni sing luwih gedhe… tontonen saka kadohan aku bakal dolanan geni kae.. ha…ha…ha…ha…ha…ha” Sang Burisrawa karo jejogedan mrepegi Butageni. Eloking lelakon Burisrawa kaya ora krasa panas senajan wola-wali kasembur geni. Sarwi ngguyu lakak-lakak Butageni ginetak ambyar dadi geni cilik-cilik naewu-ewu cacahe ngrubung, nanging kaya sinerot banjur manjing ing anggane sang Burisrawa. Kagyat sang Kapiwara ndulu Buta geni wus nyawiji marang Burisrawa.
Ing alun-alun negara Dwarawati sisih wetan, wadyabala Astinapura kang sakawit ngrangsang niyat mbedah negara tinemune malah buyar sar-saran ngadepi prajurit Dwarawati kang tinindihan dening Prabu Balarama, Raden Setyaki sumawana Anoman kang tut wuri. Katon Ki Patih Harya Suman kecandak Anoman sakala cinakar, binanting ginawe pangewan-ewan temahan keplayu sarwi sambat-sambat ngaruara.
“Aduuuh wakne gondel tulungana aku!!!”
“Lole-lole adi Cuni kowe kuwi kenangapa, hara?”
“Anoman kakang ! Anoman pancen munyuk tenan wong tuwa digawe sewiyah-wiyah.Sirahku mrempul kabeh merga dibentus-bentuske watu, awakku dibanting nganti sakojur krasa kaya remuk… kaya ngene iki rak merga nuruti karepmu ta wakne Gondhel!”
“Lole-lole!! Kowe kok malah nutuh aku adi Cuni!”
“Ora nutuh kepiye nyatane bocah-bocah Kurawa ajur mumur ngadhepi Wadyabala Ndarawati! Apa kaya ngono kuwi ora jeneng nglorobake?”
“Lelakone pancen ya kudu kaya mengkono adi Cuni!”
“Kaya mengkono piye wakne Gondhel?”
“Elinga nalika Brantasena njegur ..”
“Prek !!! wiwit mau sing dicatur kok mung si Brantasena!”
“Mangkene adi Cuni kahanane bocah-bocah Kurawa kae kaya kahanane Brantasena nalika kegubet ula gedhi remuk rempu tan mangga puliha, nanging adi Cuni, sabanjure Brantasena antuk pitulungane dewa bisa ketemu klawan Dewa Ruci !”
Durung nganti Patih Sakuni nyrekal wuwuse Pandita Durna keprungu swara guyu lakak-lakak bareng karo praptane Burisrwa.
“ha…ha…ha…ha… sampeyan man Sengkuni, kenging napa kok ting prempul niku ? ha…ha…ha…ha…ha!’
“hiya le Burisrawa”
“Kok teng ngriki kalih Bapa Pendita Durna niku enten napa ,man!”
“Ngertiya Burisrawa, awakku nganti kaya ngene iki rak mung merga nglabuhi kowe ta le?”
“Nglabuhi pripun, man?”
“Kowe tak kandhani ya le!. Wara Sumbadra kuwi jan-jane seneng banget karo kowe?”
“Napa nggih, man ?”
“Hiya le ! nagging merga wedi karo kakange ratu Ndarawati banjur kepeksa gelem dirabi Janaka. Nanging aku sing ora nrimakake, le! Mula tak kerikake wadyabala Ngestina nglurug praja Ndrawati saperlu ngrangket Prabu Kresna”
“Kurangajar!!!! Kurangajar kowe Kresna ! ,kowe aja enak-kepenak ! bakal tak rangket kowe Kresna ha….ha….. ha….. ha….ha….!”
Sarwi jejogedan Burisrawa maju ing pabaratan.
“Kowe kuwi piye ta adi Cuni, Kok ngomong dora karo si Burisrawa hara!!!
Apa si adi ora ngerti yen Burisrawa kuwi bocah degleng mengko yen nganti digrojok gegaman dening wadyabala Ndarawati iba dukane Prabu Salya !”
“ Mbuh ora idep!!!!!!!!! Atiku gempung sirahku mumet, mula caturan sak muni-munine “ semaure Patih Sakuni karo lungguh ngisor wit ,nata ambegan sing ngos-ngosan.
Kacarita Burisrawa wis ana ing madyaning pabaratan. Saka netrane cumlorot geni sak lumbung lumbung ngobong wadyabala Ndarawati. Prabu Baladewa kang mundi sanjata nenggala malumpat ngrangsang, nanging datan pirsa sangkaning bilahi ana geni sak lumbung bandung kang panase kagila-gila nyempyok temahan dawah kapidara tan enget purwaduksina, Prayitna sang Anoman Kapiwara, nata Mandura sinaut minggir gawe kagete dyan Setyaki.
“Duh Raden Setyaki katiwasan, Gusti Mandura kantaka, badhe saya kathah kurban menawi perjurit Ndarawati nekad nyelaki pun Burisrawa!”
“Hiya Anoman, Si Burisrawa kok dadi kaya ngono kuwi nalare kepiye”
“Kula inggih ngungun raden, malah butogeni ingkang ngamuk ing alun-alun sisih kilen inggih kawon lumawan Burisrawa”
“Tan wurunga yen diterusake paperangan iki wadya Ndarawati bakal rusak, mula tak undurake wae, dene kayuwanane kaka Prabu Baladewa apa dene para kadang sentana ing Ndarawati tak pasrahake kowe, becik ungsekna ing Ngamarta ,Anoman ! Wis ayo pada nindaake kewajiban sowang-sowang”
“Ngestoaken dawuh Raden”

Ngguyu lakak-lakak Patih Harya Suman dupi mulat Negara Dwarawati sida bedah saka tangane Burisrawa. Pendita Durna den junjung, den rangkul
“Wakne Gondel kowe pancen pendita ampuh, weruh sak durunge winarah, Ndarawati sida bedah kakang ha…ha…ha…!yen Ndarawati wae bisa dibedah apa maneh negara-negara liyane mesthi angel mijet wohing ranti, Negara Ngestina bakal klakon ngukut sewu negara kaya wangsit sing wis ditrima kakang Durna ha…ha…ha…!””
“Wis…wis…wis adi Cuni aja banget-banget nggone seneng iki isih miwiti lelakon ayo diprepegi si Burisrawa!”
Pendita Durna lan Patih Harya Suman gya mrepegi sang Burisrawa kang isih jeogedan sarwi ngguyu lakak-lakak
“Kresna…Kresna kowe ana ngendi ha…ha…ha…ha.. manuta tak rangket ! ha..ha..ha… kowe sing dadi pepalang tresnaku marang mbok badra …ha..ha…ha!
“Ngger Burisrawa …iki ..pamanmu,ngger!”
“Ha..ha..ha.. Paman Sengkuni …pundi Kresna kula rangkete! Ha..ha..ha..!”
“Kresna keplayu ngger, mlayu lan ndelik ana Pancala.. hayo tak tutke menyang Pancala,rusaken Pancalaradya Burisrawa!”
“Kurang-ajar kowe Kresna aja mlayu kowe!”
Mangkono saka julige Patih Sakuni temahan Burisrawa kasil karimuk ngrusak Pancalaradya lan negara-negara liyane.

Ing Kahyangan Alang-alang Kumitir nenggih Sang Hyang Wenang nampa pisowane Nalendra Dwarawati kang abadan sukma. Kaya mangkana sabdane sang Mubengrat.
“Titah ulun Narayana, sing uwis-uwis yen jenengkita nganti keraya-raya munggah ing Alang-alang Kumitir kene mesthi ana perkara kang gawe ribeting atimu, yen tetela mangkono kaki diage matura ingkang prasaja!”
“Kaluhuran sabda paduka Hyang Pada Pikulun, estunipun ingkang damel gorehing manah tan sanes kejawi wontenipun teja ing Mandaraka. Teja nyalawadi kalawau warni abrit , murup mubal dados dhahana, mangalad-alad nggegirisi. Ingkang mekaten pikulun kula kedah kados pundi?”.
“Pantes Narayana lamun jenengkita bingung amarga anane teja mau pancen ora kaweca ing wedha nanging muhung nggenepi isine pepacuh telung perkara,yaiku godha bandha, goda wanodya lan godha panguwasa!”
“Liripun kados pundi pikulun”
“Godha sepisan aran godha banda sinandhangan dening Dasamuka wus kelakon ing jaman Ramayana dhuk ing uni , malah jenengkita Wisnu wus nunggal sajiwa kalawan Sri Ramawijaya mbrastha anane reretu”
“Kaluhuran sabda paduka”
“Dene godha ingkang kaping pindho aran godha wanodya sinandhangan dening Burisrawa ya kang kelakon saiki iki kaki !”
“Menawi mekaten teja ing Mandaraka menika tejanipun Burisrawa”
“Ya kaki… kuwi tejane si Burisrawa. Teja mau dumadi saka duhkitaning tyas amarga tinulak brantane dening arinira Wara Sembadra”
“Nanging pikulun kadospundi larah-larahipun dene teja kalawau lajeng murup dados agni mangalad-alad kados badhe nglebur jagad”
“Elinga Narayana senajan dianggep satria alasan nanging kayadene si Dasamuka, Burisrawa kuwi isih tedhak turune atapa, mula tejane kuwawa gawe getere tri-loka, malah kepara bisa nyerot dayaning geni saka naraka jahanam. Dayaning geni mau wujud Butageni kang tumiba ing alun-alun sisih kulon prajanira. Prayogane jenengkita kaki wus utusan si Anoman, senajan mung bisa nahan sawetara nanging nyatane Dwarawati bisa kalis saka ubaling geni. Sabanjure kanthi aji Balasrewu peparinge Narasoma bapake, si Burisrawa kasil mrail-mrail Butageni mau dadi geni cilik-cilik nuli kaserot manjing anggane. Mula kaki dinane iki Burisrawa wus kasinungan dayaning geni . Lan kahanan saya mbebayani sawise Patih Sakuni kasil ngrimuk si Burisrawa supaya gelem nelukake sewu negara. Kabeh mau mung kanggo srana murih wangsit kang ditrima dening Begawan Durna bisa kelakon”
“Menawi mekaten menapa kalilan kula mbrasta pun Burisrawa, pikulun”
“ Iku dudu pakaryanira Narayana, apa maneh si Burisrawa kuwi wong ngengleng, wong edan dadi ora dibrasta nanging malah kudu ditambani murih waluyane!”
“Lajeng sinten ingkang kajibah paring usada, pikulun”
“Ora liya kadangira pribadi si Werkudara”
“Yayi Werkudara?”
“Iya Narayana, dene lara-larahe mengkene …. Burisrawa kang kasinungan dayaning geni kuwi bakal mari sarana kagebyur dayaning banyu. Dene dayaning banyu muhung ana astane sang Ruci Bathara kang jumeneng ing telenging samudra minangkalbu. Jeneng kita mesthine wus mangerteni yen kang bisa sowan ing ngayunane sang murbengrat muhung ari nira si Werkudara,. Apa wus trawaca nggonira nampa Narayana ?”
“Nuwun inggih sampun pikulun, lajeng godha ingkang kaping tiga kados pundi ,pikulun?”
“ Temene godha kang pungkasan iki isih durung kelakon mula sun wedarake sarana pasemon . Godha kang pungkasan aran godha panguwasa bakal sinandhangan dening menungsa raseksa dumadine ing akhir jaman. Kacarita manungsa raseksa mau mung nduweni netra sajuga, temene kuwi mung pasemon yen ing akhir jaman akeh menungsa kang minger keblate, panembahe ora marang Pangerane nanging marang panguwasaning ndonya. Uga kacarita yen manungsa raseksa mau sikile sing sisih tengen ing ndarat dene sikile sing sisih kiwa njegur segara, iki uga pasemon lamun panguwasane warata ing salumahing bumi.”
“ Kados pundi dene manungsa raseksa kalawau saged nggadahi panguwaos ingkang sakalangkung ageng duh sang pada pikulun ?”
“ Kaya dene si Dasamuka lan Burisrawa. Manungsa raseksa kasebut uga kasinungan dayane geni., malah kepara luwih ngedab-edabi. Kamangka sakehing uba-rampe kang ana ing jaman akhir mengko kabeh prasasat nganggo dayaning geni “
:Uba-rampe ingkang kados pundi duh sang pada pikulun?”
“Uba-rampe kuwi tegese pirantine urip ing jaman akhir, tuladhane bakal ana piranti kang migunakake dayaning geni kuwawa madangi jagad senajan wancine ratri nanging jagad kaya wanci bedug tengange. Sakehing tetumpakan apa kuwi laku darat apadene kang ana ing banyu kabeh pada migunakake dayaning geni, malah ana tetumpakan saka wesi bisa mabur ing antariksa lakune kaya thathit ngluwihi bantering swara uga nganggo dayaning geni. Akeh tinemu piranti aeng ing jaman akhir kang bisa nggenteni ulah tapa-brata uga karana dayaning geni”
“Liripun kados pundi pikulun”
“Yen jaman saiki sok ana wulangan yen ilmu iku kelakone kanti laku, umpamane yen kepengin nduweni aji pameling saranane iya kudu bangkit lelaku tapa-brata. Nanging ing jaman akhir ora mesthi mangkono sasat sadengah wong bisa matak aji pameling uger nduwe pirantine kang uga nggawe dayaning geni. Wis..wis kaki kabeh mau mung gegambaran jaman sing durung klakon, mula sesa-sesa anggonira nampa, sing wigati jeneng kita enggal tumuruna, kantinen arinira si Werkudara kinen enggal mungkasi karya!”
Purna sabdane sang Hyang Wenang, Narayana kang abadan sukma nuli tumurun ing ngarcapada, milang-miling ngupadi ponang raga.
Kagyat tyasira dupi mulat ponang raga ora mapan ing Dwarawati, nanging rinubung para Pandawa ing Pura Indraprasta. Gya tumiyup manjing aneng angga, pungun-pungun Nalendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna wungu saka nendra. Raden Werkudara gereng-gereng nelakake rasa bungah, kaya mangkana wuwuse.
“Hlaaa! sokur mangayu-bagya Kresna kakangku wis waluya…. Jeneng wong turu wae kok nganti ulan-ulanan gawe bingunge para kadang!”
“Dimas Werkudara yen tetela mangkono ya sing gedhe pangapuramu ya dhi”
“Hlaaa! …mangertiya jagad ditinggal turu jlitheng kakangku mung pirangane wulan wae kahanane wis morat-marit ora karuwan!”
“Morat-marit kepiye dhi? Sapa sing ngorat-ngarit?”
“Sing ngorat-ngarit jagad ora liya si Burisrawa….embuh kepanjingan demit ngendi kok dadakan wae nduweni kasekten kang ngedab-edabi nganti bisa ngukut sewu negara mung sisa Ngamarta. Malah miturut palapurane Juru Telik Sandi saiki uga barisaning Kurawa kang tinindhihan Burisrawa wis ana tepis wiringing negara Ngamarta. Kahanan kaya ngene iki becike kepiye Jlitheng kakangku?”
“Yen miturut pun kakang sing bisa ngadepi si Burisrawa ya mung si adi!”
“Yen mangkono tak papage si Burisrawa!”
Kebat malumpat sang Bimasena maju ing pabaratan, nanging durung nganti adu arep wis ketrajang hawa panas kang mijil saka netrane sang Burisrawa, sakala malumpat mundur nyingkiri bebaya. Nanging hawa panas kang kagila-gila terus ngoyak temahan Sang Bimasena keplayu mlebu kedaton kepapag lakune Prabu Kresna.
“ kepiye dhi?”
“Hlaaa…edaan, Burisrawa pancen edan, aku ora sanggup ngadepi Jlitheng kakangku!”
“Mula ta dhi yen wong tuwa rembugan durung tutug kuwi aja kebat kliwat! Yen kowe adu arep karo si Burisrawa mesthi ora kuwat nahan hawa panas amarga dinane iki si Burisrawa kasinungan dayaning geni kang mijil saka naraka jahanam”
“Hlaaa…njur kepiye ?”
“ Si adi kudu nyraya kadang-kadangmu bayu, Burisrawa kudu dikendhangake karo dayaning angin supaya bisa nyemplung segara, nuli si adi uga nyemplunga segara !”
“Nyemplung segara kepiye ?”
“We ladalah kok kaya bocah! Apa si adi lali yen tahu nampa sesupe saka Bathara Endra aran sesotya manik candrama kang daya panguwasane bisa nyilem ing segara. Mula sing tak karepake si adi nututi nyemplung ing samudra minangkalbu njur larapna si Burisrawa ing pangayunaning Sang Ruci Bathara supaya kagebyur dayaning banyu, kanthi mangkono yayi si Burisrawa bakal mari edane!”
“Ngestokke dawuhmu Jlitheng kakangku~”
Sang Bimasena sigra matak aji pameling nekakake para kadang bayu nenggih Wanaraseta, Resi Maenaka, Jajag Wreksa lan Gajah Setubanda.
“Haaaa…. Para kadang bayu kabeh rewang-rewangana aku ngendangake si Burisrawa saka pabaratan nuli kacemplungake segara!”

Kaya mangkana tandange para kadang bayu aweh prabawa lesus mawalikan nggubel mbuncang Burisrawa nuli kacemplungake samudra minangkalbu. Ing dasaring segara Burisrawa nuli karuket dening Werkudara; sambat ajelih-jelih.
“Werkudaraaaa! Aku kok kapakake, Werkudara!!!”
“Haaaa! ….aja sambat! Aja suwala! Manuta tak larapake ing ngarsane Sang Ruci Bathara!”
Milang-miling Sang Bimasena, dupi mulat ana banyu munyer–seser ing telenging segara , gya ambyur tumuju ing alam sunyaruri.
“Werkudara! Aku weruh ana cahya mbalerengi . Ing tengah-tengahing cahya kae kok ana wewujudan cat katon cat ora, we lha! rupane kok memper kaya aku ha…. ha…..ha….. ha….. ha….., kae wewujudan apa, Werkudara?”
“Hlaaa!… ya kae Sang Ruci Bathara, nanging panyawangmu bledru! …wewujudan kae ora cat katon cat ora nanging cetha wela-wela lan memper kaya aku dudu kaya kowe!”
“Kowe sing kleru ,Werkudara!…wewujudan kae kaya aku!”
“Kaya aku!”
“Kaya aku!”
Arum sabdane Sang Ruci Bathara
“Wong sakloron aja padha rebut bener! Ingsun iki kayadene pangilon, yen sing ngilo Werkudara aku dadi sejatine Werkudara, nanging yen sing ngilo Burisrawa aku dadi sejatine Burisrawa”
“Burisrawa! jeneng kita nandang lara, tumungkula ngger sun usadani!”
Sang Burisrawa nganglungaken jangga nuli kagebyur dayaning banyu kang mijil saka astane sang marbudyengrat, sanalika dawah kantaka tan eling purwa duksina.
“Werkudara….si Burisrawa wis mari anggone ngengleng, mula tumuli mentasa ngger! , balekna Burisrawa ing Mandaraka!”
“Ngestokaken dawuh, pukulun”
Sakala ilang saka pandulu Sang Ruci Bathara, lan mung sakedheping netra Werkudara uga wis jumedhul ing tepining jalanidi. Mula sigra matak aji bandhung bandawasa kang aweh prabawa sindung riwut magenturan, Burisrawa nuli kakendhange bali ing negarane.
Bareng kalawan sirepe lesus praptane Nata Dwarawati.
“ Kepiye dhi, apa oleh gawe ?”
“Pangestune jlitheng kakangku, Burisrawa wis mari ngenglenge amarga wus diusadani dening Sang Ruci
Bathara “
“Banjur saiki ana ngendi ?”
“Haaa! wis tak balangake ing Mandaraka !”
“We ladalah ! kok kaya barang wae! Menungsa kok dibalangake ki kepiye hara! Kae lho wong-wong Ngestina ngamuk punggung ora narimakake!”
“Sumingkira tak babatane!!!”
Mangkana karana kena dayaning aji bandhung bandawasa para prajurit Astinapura dadi salang tunjang, kendhang kapracondang.

Sang Bimasena banjur joged tetayungan.



0

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar