Jumat, 20 Februari 2009

Risang Gurunadi

Oleh : KustijonoJejer Astinapura. Sang Nata Duryudana kaadhep warangka nata Patih Harya Suman, Paranpara negara Astina Panembahan Durna, sumawana agul-aguling prang Narpati Basukarno.




Senajan wus sauntara suwe, nanging pasewakan durung kawiwitan; saka pasemoning wadana katon Sri Naranata lagya nawung duhkita. Tanggap sang apatih gya manembah sarwi matur angrerepa.
"Duh sinuwun, sampun sawetawis dangu para abdi nayaka ngabayantara sahandap paduka, nanging menapa darunanipun dene pasewakan dereng tumunten kawiwitan ?"
"Paman marmane panjenengan ingsun dereng enggal mbabar wigatining pasewakan labet kegawa nelangsane
ati !"
"Duh sinuwun wonten perkawis ingkang pundi ? menawi saged kababaring akathah mugi enggal paringa dhawuh, ingkang paman ing kepatihan nedya nganglungaken jangga nilingaken karna"
"Atiku kula gempung yen ngelingi nasibe adi-adi kula para Kurawa, paman"
"Menawi saking pamawas kula ngger, ari paduka para Kurawa menika rak sami manggih bagya mulya inggih awit saking pangrengkuh tuwin kawicaksanan njeng padukendra!"
"Nggih paman, niku mung tata lair nanging cobi yen digagas ,adi-adi kula para Kurawa menika ing lelampahan menapa kemawon tansah apes! Kaya ngoten niku namine dewa ora adil ..paman!"
"Lole-lole sumela atur ngger"
"Mangga Bapa Panembahan Durna"
"Kula aturi enget ngger, paduka menika satunggaling nata gung binathara, Ngestina menika klebet negari ingkang bawera, sadaya kalawau muhung nugrahaning jawata ingkang kedah dipun syukuri, pramila ageng walatipun menawi angger prabu lajeng ngundamana adiling dewa"
"Sing kula rembag niku sanes Ngestina, nanging Kurawane, nasibe Kurawa niku ing lakon napa mawon rak mesthi tiba apes,ta!, nggelar perang ora tahu menang, nggayuh wahyu cabar ing laku, ngayunake putri didohi"
"Lha menawi perkawis menika ngger, rumaos kula underaning perkawis malah wonten kakang Durna!"
"Lole…lole,adi Cuni! kowe kok malah nutuh aku dadi sumbering perkara kuwi kepiye, hara?"
"Wakne Gondel kuwi rak kondang dadi gurune Pandhawa uga gurune Kurawa,ta! , nanging yagene kakang tumindak ora adil, kakang luwih nengenake Pandhawa, mesthi wae Pandhawa banjur dadi bocah pinter dene Kurawa dadi bodho mula nasibe ya banjur apes!"
"Panemumu kuwi kleru adi Cuni ! Ora ana guru kok mbedak-mbedakake muride, perkara pinter-bodho kuwi ora merga saka gurune, nanging gumantung saka temen orane para murid mau anggone padha sinau piwulang saka gurune"
"Ora kakang yen miturut aku merga saka gurune !Aku nduwe panemu kaya ngono kuwi ana dhasare, aku tau ngonangi wakne Gondhel anggere wis nggladhi Arjuna ulah kridaning warastra kaya ora angon wayah nganti para Kurawa ora kapaelu!"
"Menapa leres ature paman Sakuni ,bapa?"
"Mekaten ngger, Nalika taksih sami-sami-sami ing pamulangan, menawi wanci dalu nalika para Kurawa sami tilem kepati Janaka sok gladhen ulah kridaning warastra, pramila kula badhe dipun wastani guru ingkang cubluk menawi mboten maelu tuwin njurung pikajengikun murid kados si Arjuna kalawau,,nanging mboten kok lajeng nyuda kawigatosan kula dateng anak-anak kula para Kurawa kados ature adi Cuni"
"Ora mung kuwi kakang ! aku uga tau ngintip Wakne Gondel mejang ngelmu kasampurnan marang si Werkudara. Menapa anak Prabu Duryudana inggih dipun wucal ngelmu kasampurnan ?"
"Mboten paman !"
"Mila ngger, menika bukti menawi kakang Durna sampun tumindak mban cinde mban siladan!"
"Yen perkara kuwi pun kakang mung nuruti karepe si Werkudara !"
"Piye ta wakne Gondel, guru kok mung nuruti karepe murid hara ? Yen siji diwulang mesthine kabeh rak ya kudu diwulang, ta!"
"Ora bisa mengkono adhi Cuni; Ilmu Kasampurnan kuwi piwulang sangkan-paran, mula klebu ilmu kasuksman, ora saben siswa bisa nampa"
"Dadi sing bisa nampa mung Werkudara ? apa ngono kakang ? yen ngono cetha wakne Gondhel nyepelekake anak Prabu Duryudana lan para Kurawa ! amarga tumindake kakang Durna sing ora adil mau padha wae kakang wis gawe reng-rengan yen suk ing perang Bharatayuda Jayabinangun sing menang mesthi para Pandawa !"
Abang pasuryane Narpati Basukarna dupi midanget ature patih Sakuni.
"Sumela atur, yayi Prabu !".
"Mangga kakang Narpati".
"Kekiranganipun menapa praja Ngestina, teka ajrih kalayan tiyang-tiyang Pandawa menika ? Menawi yayi Prabu dawuh Baratayuda kedah dipun wiwiti sak menika, sak menika ugi rakapara sagah ndepani bantala minangka bebanten ,yayi Prabu!".
"Bombong raosing manah kula kakang Narpati nampi kasagahan ndika, nanging sareng kula raosaken ature paman Sengkuni niku leres !Pendita Durna pancen ora adil, layak Kurawa nasibe mesthi apes, Pendita Durna dadi paranpara hiya ora jegos ! ana lelakon apa wae anggere nuruti pakone si Durna kabeh mesthi dadi mawut, entek-entekane sing joget tayungan mesthi si Werkudara, ora tau ana crita sing joget tayungan si Dursasana ! Mula pedah apa Ngestina kanggonan Durna, becik minggat kareben ora nyepeti-nyepeti mripat !"
"Lole-lole gek lelakon apa iki ? yoh, sida tak jabel basaku !, heh wong-wong Ngestina padha rungokna gobokmu, aku cumondhok ana kene iki mergo nuhoni darmaning kabrahmanan! Nanging yen ratumu tumindak murang-tata ninggal subasita pedah apa aku ana kene !"
Sakala oncat ninggal pasewakan sang Kumbayana. Patih Sakuni malah ngguyu nggleges.
"Kula sanget nayogyani Durna dipun usir ngger, amargi Durna menika sejatosipun memala tumrap negari Ngestina!"
"Nggih paman … nanging kula dereng lega yen ningali Sokalima taksih ngadeg jejeg, pramila paman kerigna para Kurawa,babar pisan Padepokan Sokalima kudu dibyuki bathang sayuta"
"Ngestokaken dawuh, ngger!"

Purna sabdane sang nata, pasewakan bubar. Patih Harya Suman mandhap saking setinggil ngawe para sata Kurawa kang tinindihan dening Sang Dursasana.
"Apa kabeh wis padha ngumpul, Dur?"
"Sampun, man!ha…ha…ha…ha…ha! Kantun Swatama sing dereng ketingal ha…ha…ha…ha!"
"Wis ben ! si Swatama ora perlu dicatur!"
"Lho ? kok ngoten, man?"
"Anak-anakku kabeh ora ana sing ndak arani, kawruhana wiwit dina iki Durna wis dudu paranpara ing negara Ngestina ! malah rakamu Prabu Duryudana mrentahake kowe kabeh supaya dina iki uga ngrubuhake Padepokan Sokalima "
"Hla ! hla ! hla"
"Kaget wae kok bareng-bareng gawe jantung copot, hara?"
"Mboten kaget pripun man, wong prentahe kaya ngoten niku ! gek salahe Bapa Durna niku napa, man ?"
"Wiwit saiki kowe aja ngundang bapa ! Durna kuwi dosane digendhong diindhit, Durna kuwi dosane gedhe tumrap negara. , ya merga Ngestina ketunggon Durna, Kurawa dadi apes jurite !"
"We lha, wong nasib apes kok nyalahke liyan niku napa mpun leres, man ?"
"Wis Dur kowe ora usah kakehan wuwus, becik tindakna apa prentahe rakamu !"
"Nggiiih!! ajenga kula debat nggih mboten enten gunane, man!"
Gancaring carita Prajurit Astinapura tinindhihan dening sang Dursasana gegancangan nuju Padepokan Sokalima.

*********************************************************************


Ing Padepokan Sokalima. Dahyang Kumbayana kaadhep ingkang putra Aswatama kang kebranang atine.
"Swatama, sapungkure pun bapa ing pasewakan ana apa, ngger?"
"Duh kanjeng rama Begawan, amargi mboten kiyat ngampah kebrananging manah, paripaksa ingkang putra mandhap sitinggil nderekaken tindakipun kanjeng rama Begawan nilar pasewakan, nanging lamat-lamat taksih kepireng swantenipun Prabu Duryudana prentah Patih Sengkuni murih ngerikaken para Kurawa ngrubuhaken Padepokan Sokalima"
"Lole-lole sembrono si Duryudana! , ora jeneng pun bapa owel ngeculake Sokalima. Kowe tak jarwani ya ngger Sukalima kuwi dudu mung padepokan wantah nanging uga padanyangan’
"Liripun kados pundi rama Begawan ?"
"Ing tata-lair Sokalima kuwi pancen mujudake padepokan kang kebawah negara Ngestina, nanging Sokalima uga Padhanyangan kang mujudake wewengkon perdikan kanthi punbapa kang katetepake minangka dhanyange lan ora kareh dening sapa wae aja maneh mung ratu Ngestina senajan Dewaa pisan!"
"Duh rama Begawan, mbok menawi amargi saking cubluk ing pangertosanipun Aswatama temahan kula dereng saged nrami kanti trawaca andaranipun rama menika kalawau"
"Ngene ya Swatama, apa kang gumelar lan kadulu iki wujude Padepokan Sokalima, nanging kang ora kadulu dening netra wantah marga asifat gaib ya ing kono dununge Padhanyangan Sokalima. Padepokan Sokalima lan Padanyangan Sokalima kuwi tunggal papane beda alame, nanging loro-lorone padha dayan-dinayan. Mulane yen para Kurawa nganti gemruduk rene njur munasika sakehing wewangunan ing Padepokan Sokalima kene, kawulaku Padhanyangan Sokalima mesthi bakal ora narimakake".
"Waduh nembe katemben menika kula ngertos rama Begawan"
"Hiya ngger pancen lagi iki pun bapa blaka, mula nyedaka mrene yen kowe kepengin weruh kawulaku kang manggon ing Padhanyangan Sokalima"
Sang Aswatama gya nyedak lungguhe, netrane den usap dening ingkang rama, sakala byar padang bisa ndulu alam padhanyangan. Kejot penggalihe dene weruh wewujudan maneka-warna kang maewu-ewu cacahe.
"Kepiye Swatama, apa kowe wis weruh kawula padanyangan?"
"Inggih sampun rama Begawan, mboten nginten bilih kawula padhanyangan cacahipun kathah sanget sasat tanpa wilangan"
"Mula kowe ora perlu kuwatir, ora-orane yen wong-wong Ngestina bisa ngrubuhake Padepokan Sokalima.Semenea sawetara ngger pun bapa arep ngundang siswaku kang manggon ana ing alam padhanyangan murih sabiyantu nggonira ngadepi wong-wong ngestina mengko"
"Gendrayana lan Gendrapati pun bapa ngersaake sowanmu sakloron !"
Sakala ana pedut munyer, ilange ponang pedhut salin wewujudan ngregemeng rupa gandarwa kembar kang nggegirisi ndoprok nyembah sesedokan.
"Kiai kula pun Gendrayana tuwin adhi kula pun Gendrapati ingkang sowan"
"Yoh maragage kowe manjinga ana epek-epeke si Swatama, samangsa ana parigawe duduhna karosanmu!"
"Ngestokaken dhawuh, kiai"
Sakala ilang saka pandulu Gandarwa sakembaran, manjing ana epek-epeke Aswatama.
"Swatama saiki kowe wis kedunungan Gendrayana lan Gendrapati manggon ana epek-epekmu, yen kowe kepengin weruh sepira karosane, coba jebolen wit randu kang ana njaba kae"
"Sendika dawuh kanjeng rama Begawan!"
Mangkana sang Aswatama klakon mbedol wit randu , cingak ing manah dupi ndulu wit randu bodhol sak oyod-oyote, gya binanting ing bantala, gumebrug swarane, bumi horeg kaya ana lindhu gedhe
" Kaya ngono kuwi karosane Gendrayana lan Gendrapati, mula sing jejeg ngadekmu, aja miyar-miyur atimu, reksanen Padepokan Sokalima , aja nganti kejarah-rayah dening para Kurawa"
"Ngestoaken dhawuh rama Begawan"
"Wis… wis ngger duga-duga digawa, ati-ati aja keri, pun bapa arsa manjing sanggar pamujan"
Sapungkure Dahyang Durna lumebu ing sanggar pamujan, para Kurawa wis gemrudug munggah ing Padepokan Sokalima. Serik atine Patih Sakuni bareng weruh Aswatama ngaglah ndepani gapura padepokan.
"Heh Swatama !kowe minggira !"
"Sengkuni menungsa kang murang-tata ! jebule sing dadi memala negara Ngestina kuwi kowe dudu rama Begawan!"
"Aja kakean wuwus kowe Swatama ! yen kena tak eman kowe enggal minggira ! delengen bocah-bocah Kurawa wis padha ora sabar arep ngrubuhake Padepokan Sokalima!"
"Klakon ngrubuhake padepokan yen Aswatama wis dadi bangke !"
"We lha ! bocah ora kena dieman, heh bocah-bocah aja kesuwen krubuten Swatama, grojogen gegaman ben modar !"
Gemrudug para Kurawa ngrubut Aswatama , prayitna ing kewuh tangane kemlawe aweh prabawa lesus pinusus gawe kontal sakehing gegaman. Sinusul pangamuke bala kajiman kang manggon ana tlatah padhanyangan Sokalima, cat katon cat ora, ngrangsang, nyembur wisa nyebar memala. Polahe para Kurawa kaya mina kasatan ing toya merga kasembur wisa kang banjur dadi memala warata ing saranduning badan. Bingung sang Dursasana
" Pripun niki man, bocah-bocah Kurawa sami mecati, ting glebak kados pindang dipepe !’
"Cilaka awake dewe, Dur ! sajake wakne gondel ngundang demit kanggo nyukengi Sokalima,. Yen ngono becike kowe balia nyang Ngestina dene aku tak terus nyang Talkandha, kadadean iki kudu dadi atur ana ngarsane Maharsi Bisma !"
"Ngestokaken dawuh man!"
Mundur Prajurit Ngestina merga ora kuwagang ngadepi pangamuke Bala Kajiman kawula padanyangan Sokalima, ninggal para kurawa kang rubuh pating balasah ngurugi padepokan Sokalima..
O
ra kaya kang lagya muja semedi nenggih Begawan Durna. Sang Begawan datan kasamaran marang pamoring suksma mula sedela wae wus sumusup ing rasa-jati manjing alam samadi, ambyur ing samudra minangkalbu lumarab ngarsane Sang Ruci Bathara, Aris sabdane Sang Murbengrat.
"Titah ulun Kumbayana ! yagene jenengkita lumarap kanthi wadana suntrut, walakaa ngger, perkara apa kang agawe sungkawaning tyasira!"
"Duh Sang Ruci Bathara kekilapan menapa paduka pukulun dateng ebah tuwin osiking manah titah pujangkara pun Kumbayana"
"Titah ulun Kumbayana, pitakonan mono adile mung diwangsuli, kurang prayoga lamun mbukak wewadining Gusti"
"Nun Inggih, ingkang ndadosaken gorehing manah tan sanes kejawi patrapipun Prabu Duryudana ingkang sampun nilar kautamen, wantun dateng guru. menapa lelampahan ingkang kados mekaten menika mboten badhe ngewahi jangka ,pikulun ?"
"Ngene ya kaki !, dumadine lelakon iki pancen tak jarag, atine Duryudana tak osikake supaya banjur mikir adi-adine para Kurawa, saka cupete pamikir patih Sakuni mesthi bakal nibaake pandakwa marang jeneng kita, kanthi mangkono dumadining lelakon kawiwitan!"
"Lajeng liding lelampahan kados pundi pukulun?"
"Kawruhana kaki Kumbayana menawa akeh wong kang nduwe pangira kalamun jeneng kita iku nduweni bebuden kang ala, Sepisan karana jeneng kita iku manggon ana ing Ngestina banjur kinira klebu golongane wong dudu kaya dene si Sakuni lan Duryudana sak Kurawane pisan kang mula demen ngumbar angkara ,dene kaping pindhone akeh kang salah tampa kinira jeneng kita iku brahmana kang ora nduweni tatakrama ing prastawa Pancalaradya."
"Lajeng sinten ingkang nggadahi pandakwa kados mekaten, pukulun?"
"Akeh, kaki Kumbayana !. Ing jaman wekasan akeh wong sing salah tampa isining Jangka ngenani jeneng kita. Kanthi dumadine lelakon iki muga-muga jagat bakal nyekseni yen jeneng kita iku satuhune Sang Gurunadi, ya gurutama, gurune para darah Bharata kang dahat sinudarsana dening sesamaning guru’
"Lajeng ngantos dumugi ing babaring lelampahan, menapa kula taksih manggen wonten Ngestina, pikulun ?"
"Mesthi wae jeneng kita isih tetep manggon ing negara Ngestina minangka paranpara amarga ya kaya mangkono iku kang tinulis ing kandha"
"Nanging Duryudana sampun suthik kanggenan kula, pikulun ?"
‘Mengko bakal ana srana kang dadi margane jeneng kita bali dadi paranpara ing negara Ngestina. Dina iki jeneng ulun bakal sajiwa perlu nenuntun jeneng kita bakal mungkasi lelakon iki. Mula gage wudara nggonmu semedi, amarga Sokalima bakal akeh tamu"
Kaya mangkana Dahyang Kumbayana wus wudar nggonira semedi. Mandhap saking sanggar pamujan tumuju pacrabakan gya ngacarani tamu agung nenggih Sang Maharsi Bisma. Wong agung . kekarone gapyuk rerangkulan mbuwang oneng, sawusnya padha bage-binage nuli bawa rasa ngrembug lungiting lelakon
"Duh Sang Gurunadi, kados rinujit manah kula dupi nampi palapuranipun para abdi ing Talkanda bilih Duryudana sampun nilar kautamen, kumawantun nglengser kalenggahan paranpara tuwin nundhung sang Begawan, kula kuwatos negari Ngestina badhe nampi bebendu. Kula inggih lajeng enget dumadosing lelampahan ing Pancala"
"Lole-lole …duh Sang Maharsi Bisma ingkang tuhu dados tetungguling para wiku, sauger negari Ngestina taksih ingembanan dening paduka, kula kinten badhe tebih saking bebaya tuwin bebendu. Bab menika cundhuk kalayan suraosing wedha bilih bebendu menika mboten badhe dawah ing sadengah papan ingkang taksih kadunungan wiku suci senajan namung sajuga. Wondene perkawis Pancalaradya menika rak dumados nalika kula taksih mudha, pramila dereng saget meper hardaning kanepson. Menawi sak mangke kula tanggel perkawis ingkang kados wonten ing Pancalaradya mboten badhe kalampahan ".
"Nanging nalika kula minggah padepokan sowan dateng paduka Sang Mahayogi ing sak margi-margi kepanggih kuwandanipun putu-putu kula para Kurawa, menapa kahanan kalawau mboten kawastanan bebendu"
"Sanes Maharsi, anak-anak kula para Kurawa ingkang memper kuwanda ambalasah ing Sokalima menika mboten karana nampi bebendu ananging ngunduh wohing pakarti amargi sampun kumawantun ngrisak katentreman, pramila lare-lare Padhanyangan Sokalima lajeng nandukaken darubeksi"
Rembugan dadi kandeg bareng karo praptane Patih Sakuni
"Kowe Sengkuni ?"
"Nun inggih Sang Maharsi Bisma, sembah kula katur!"
"Ya tiba sapada-pada !"
"Adi Cuni raharja satekamu ?"
"Lho ?…kowe kok isih ana kene kakang Durna !"
"Sengkuni ! kowe ngomong apa ? kowe kuwi tamu !. Sing kagungan dalem ngacarani kanthi becik, ora semaur malah ngumbar swara kaya ngono kuwi karepmu piye he ?"
"Wonten Padepokan Sokalima ngriki paduka sang Maharsi menapa dene kula menika sanes tamu, amargi wekdal menika anak Prabu Duryudana sampun njabel kalenggahan Paranpara sarta mboten dipun keparengaken mangasrama ing Sokalima, kepara minangka Warangkanata kula kedah ngengetaken murih Pendita Durna enggal oncat saking Sokalima"
Duka yayah sinipi sang Maharsi Bisma, nanging kesaru praptane Dursasana munggah pacrabakan nuntun Prabu Duryudana.
"Anak Prabu Duryudana ingkang rawuh"
"Uh…uh…uh…uh…uh"
"Dursasana !"
"Kula man Sengkuni ha…ha…ha…ha"
"Piye iki rakamu kok dadi bekah-bekuh kok tuntun munggah ing Sokalima, he ?"
"Estunipun kula ngestoaken dhawuhe Paman Sengkuni wangsul dateng Ngestina ha…ha…ha…ha…!"
"Menungsa ora tata! Kahanan kaya ngene kok isih ngguyu cekakan,hara!"
"Mpun lageyan man ..ha…ha…ha…ha!"
"Gek ndang matur !"
"Nggih niku, man dumugi Ngestina kula semerep Kang Mbok Ayu Banowati mular mawon, sareng kula takeni blaka yen Kaka Prabu Duryudana gerah lan mboten saged ngendikan kados ngoten niku, man, mila lajeng kula beta dateng Talkanda saperlu nyuwun usada Eyang Bisma..ha..ha..ha..nanging Talkanda sepen para cantrik matur yen si paman ugi nembe rawuh lajeng nyusul dateng Sokalima, pramila kula inggih lajeng nyusul ngriki man ha..ha..ha..ha!"’Tiwas kebeneran Dur, awake dhewe saiki wis ana ngarsane Maharsi Bisma….. , Maharsi Bisma….. paduka sampun pirsa piyambak para Kurawa nandang katriwandan, kula kinten inggih namung paduka ingkang saged ngluwari panandangipun wayah paduka para Kurawa sarta ngrangket Pendita Durna ingkang nyata damel kapitunan!"
"Sengkuni ! ana ngendi-endi panggonan ;kowe mesti gawe perkara, senengmu ngedu wong ! Apa kok kira aku ora ngerti jlentrehe lelakon, he! bares wae panandhange para Kurawa kuwi merga kuwalat karo gurune"
"Kuwalat kados pundi ? menawi Pendita Durna niku nyata malati kenging menapa kula kalih si Dursasana kalis saking panandang ?"
" Yen si Dursasana pancen durung tumindak apa-apa mula ora kene bebendhu, dene kowe kuwi pawakan celengan, Sengkuni!, mbethokmu suk yen wis tumapake perang Bharatayudha"
Sengkuni mung ngguyu nggleges ing batin ora percaya ujare Maharsi Bisma.
"Sengkuni lan kowe Dursasana, bares wae aku ora bisa ngusadani panandange Duryudana lan para Kurawa, sing bisa ya mung gurune dhewe, aku gelem nyuwunake tamba ning ana syarate"
"Syaratipun menapa ,sang Maharsi"
"Rungokna ya ingsun mundut syarat Sang Begawan Durna kudu bali dadi paranpara lan tetepa kaanggep minangka guru ing Ngestina, kuwi wae yen panjenengane kersa, …anak Prabu Duryudana senajan paduka nandang-raga lan ora bisa ngendikan nanging mesthine mirengake rumbugan iki, mula yen paduka sarujuk tak suwun manthuka!
Prabu Duryudana manthuk
"Duh Sang Gurunadi !"
"Wonten dhawuh, Sang Maharsi Bisma"
"Kula minangka sesulih sedaya kawula ing praja Ngestina nyuwun gunging pangaksama ngantos wonten lelampahan ingkang kados mekaten menika, lan kersaa jengandika tetep ngembani negari ,minangka paranpara lan kersaa paring usada tumrap panandangipun putu-putu kula para Kurawa!"
"Lole…lole Maharsi Bisma inggih karana saking ungeling kandha tuwin mundi dawuh jengandika, kula pun Kumbayana mboten saged suwala, nanging kula kedah minta sraya anak-anak kula para Pandawa"
"Lho ngapa ndadak ngundang Pendawa barang wakne Gondel!
"Sengkuni kowe ora usah kakean wuwus ! yen ponakanmu kepengin waras apa wae kersane sang Begawan Durna kudu dituruti! Mangga sang Begawan enggal kalajengaken kewala"
Kaya mangkana Dahyang Durna sigra matek aji pameling ngundang praptane para Pendawa. Ora nganti sakeplasing cipta ana angin sindung riwut magenturan tandha praptane Bimasena nganti sedulure papat pisan. Sawise ngedunake saka gendongan nuli nggereng mbukani rembug.
"Haaaaaaaa…..Durna guruku bektiku katur!"
"Ya ngger puja pangestuku wae tampanana!"
‘Tak pundi dadi jimat….haaaa…. yagene Durna guruku ngundang aku sak sedulur ana dhawauh apa?’
"Ngene ya ngger, sira sak sedulurmu kabeh tak sraya ngusadani panandange para Kurawa!"
"hlaaaa…senajan aku sak sedulur ora bisa nambani wong lara nanging yen sing prentah Durna guruku, masa mokala!"
"Lole…lole bener kandhamu Werkudara kowe pancen murid sing setya tuhu…..ngger anak prabu Puntadewa "
"Kula nyadong dhawuh bapa"
"Paduka menika bathara Dharma ingkang mangejawantah tartamtu saged ngusadani raka paduka angger prabu Duryudana, pramila kula aturi megeng napas, sarana netra bathara pirsanana ingkang raka kanthi dayaning kesabaran"
"Ngestokaken dhawuh ,bapa"
Kedhep tesmak sang Ajathasatru anggonira mandeng, Sakala ana pedhut lelimengan mijil saka anggane prabu Duryudana , pedhut nuli kasaput ing angin byar padang bareng karo swarane nata Ngestina kang gereng-gereng kaya singa-lodra.
"hmmm….hmmmmm…swaraku wis metu kaya wingi uni….banget panarimaku yayi Puntadewa kasil nambani laraku ….bapa….bapa Pandita Durna… niki wau kula lara napa?"
"Lole…lole ing pasewakan kula rak sampun matur,… ageng walatipun ngundamana adiling dewa, panandang kalawau sejatosipun inggih walating dewa, kanthi dayaning kesabaran sampun rinuwat dening rayi paduka anak prabu Puntadewa"
"Nanging bapa Durna ing saranduning badan taksih kraos kados dilolosi otot bahu kula!"
"Lole…lole ngger …Nakula !"
"Kula nyadong dhawuh bapa"
"Sira metua njaba rambana godong lalu-jiwa, remeten nuli borehna ing saranduning badan murih rakamu enggal waluya"
"Ngestokaken dhawuh bapa"
Sang Pinten gya mandap saking pacrabakan ramban godong lalu-jiwa, sawusnya rinemet-remet nuli kaborehake, waras sanalika sang Duryudana.
"Bapa….bapa Pendita Durna , samenika kula sampun saras saestu kantun adi-adi kula para Kurawa"
" Lole..lole sokur ngger anak prabu sampun luar saking panandang….ngger sadewa majua mrene…"
"Nyadhong dhawuh, bapa Durna"
"Waspadakna ngger Sedewa, dulur-dulurmu para kurawa kae wis memper kuanda mbalasah ngebeki Sokalima ya merga ketaman sukerta saka nggone kumawani munasika padanyangan Sokalima, mula enggal ruwaten ngger Sudamala!"
"Ngestokaken dhawuh, bapa"
Raden Tangsen ya sang Sudamala wus sedakep saluku tunggal ngemel mantra pangruwatan, saya dangu saya gawe tintrime swasana. Para Kurawa kang pindha kuwanda wiwit obah tandha lamun pangecake mantra tumama. Dahyang Durna aweh sasmita murih Sedewa mungkasi mantra.
"Lole..lole wis ngger Sedewa sira lerena para Kurawa wis karuwat"
"sik wakne Gondel wong bocah-bocah lagi isa ugat-uget kaya uler kok wis diarani mari kuwi kepiye?"
"Adi Cuni olehe kaya ngono kuwi merga isih dadi bandan, jiniret jalasutra dening bangsa kajiman kang manggon ana ing padanyangan Sokalima kene"
"dijiret piye ? aku kok ora weruh apa-apa, kakang ?"
"Sengkuni kowe aja kakean wuwus ! kowe pancen wong tuwa tuwas ora bisa ndulu kanthi awas, pangandikane sang Begawan kuwi bener, mangga kalajengaken kemawon mboten sisah nggega wuwuse Sengkuni"
"Lole…lole Arjuna !"
"Kula nyadong dhawuh bapa"
"Coba waspadakna apa para Kurawa pancen kejiret jalasutra ?"
"Kaluhuran sabda paduka, bapa"
"Yen mengkono maragage luwarana kadang-kadangmu Kurawa, Janaka !"
"Ngestokaken dhawuh bapa"
Nenggih sang Dananjaya wus mundi warastra, sigra lumepas jumepret swarane, laju kaya thatit, ponang warastra nyamber-nyamber para Kurawa kang pating brengok swarane padha ngira yen sinamber nggelap.
"Werkudara!"
"Ana dhawuhmu apa Durna guruku"
"Senajan jalasutra sing mbanda wis linuwaran dening Premadi, nanging darubeksi isih tumama ing anggane para Kurawa"
"Haa.. banjur carane ngilangi kepiye?"
"jebolen kayu asem kae gepukana cengele ngati muntah"
"Sik…sik wakne Gondel kowe aja sia-sia , kurawa kuwi ponakanku ,ora oleh
aku yen ana wong arep nggarap sak kepenake dhewe! Kuwi nambani apa
niyat arep mateni ?"
"Sak karep nggonmu ngarani, carane ya pancen mengkono kuwi yen adi Cuni ora sarujuk ya wis, mung kowe kudu ngerteni ora nganti sak penginang darubeksi bakal nggondol nyawane para Kurawa?"
"Paman Sengkuni kowe menenga! …bapa Pandita Durna enggal katindakna!"
"Lole.. lole ngger Werkudara!tak kira kowe wis ngerti karepe pun bapa, mara gage tindakna ngger!ya mung sira kang bisa mungkasi karya"
"Ngestokake dawuhmu Durna guruku !"
Sang Bimasena mbedol wit asem sak prangkul gedhene, gya den obat-abitake ngenani cengel sakala para Kurawa padha muntah ludira nggawa darubeksi. Kinira yen pinulasara para Kurawa mlayu salang tunjang bali ing Astinapura. Pungkasaning pakaryan Sang Bimasena nuli joged tetayungan



1 komentar:

  1. Ki Kustijono, bila ada besutan kisah Dewaruci : jagad gedhe mlebu ing jagad cilik (masuk melalui talingan), ini jadi konsep seru aktivasi otak tengah via Audio Wave Vibration ... (Kang Hand)

    BalasHapus